Sunday, April 10, 2011

Cerita Wayang : Mudhune Dewi Sukesi

Turune Sukesi simbol kabecikan lan angkara- Dewi Sukesi yakuwi anak wadone Prabu Sumali, Ratu Alengka. Dheweke duwe sedulur jenenge Di-tya Prahasta. Nalika dhewasa, Dewi Sukesi dadi rebutan para satriya lan ratu ing jagad. Nanging, dheweke gelem dadi bojone sapa wae, anggere wong kuwi bisa njabarake ilmu Sastra Jendra Hayuningrat. Saliyane kuwi, Ditya Jambumangli uga pasanggiri sapa wae sing ameh nglamar Dewi Sukesi kudu bisa ngalahake dheweke. Manawa bisa nelukake Jambumangli, diantukake mboyong Dewi Sukesi, kang kapetung isih sedulur pupone. Jambumangli dhewe sajane nyimpen rasa tresna marang Dewi Sukesi lan kepengin jejodhoan karo dheweke.

Antarane para satriya lan ratu kang nglamar Dewi Sukesi kuwi, ana Begawan Wisrawa kang uga nglamar Dewi Sukesi kanggo anake, Prabu Danareja, ratu nagara Lokapala. Kocap kacarita, sayembara iku bisa dimenangake dening Begawan Wisrawa lan dheweke banjur mboyong Dewi Sukesi supaya diningkahake karo anake, Prabu Danaraja.

Nanging Dewi Sukesi wegah lan ora gelem netepi jejodhoan iku, amarga Prabu Danaraja dudu wong kang bisa nja-barake ilmu Sastra Jendra Hayuningrat. Mula, dheweke kudu kawin karo Begawan Wisrawa. Jejodhoan iki nuwuhake nesune Jambumangli, saengga kedadean peperangan antarane Jambumangli lawan Begawan Wisrawa. Jambumangli tiwas kanthi awak karajang-rajang.

Sadurunge mati, Jambumangli nyupatani sukmbene anake Wisrawa bakal nemoni nasib kaya Jambumangli, matine kanthi awak karajang-rajang kaya cara patine dheweke.

Dene ing jejodhoane karo Begawan Wisrawa, Dewi Sukesi duweni anak cacah papat yakuwi Rahwana utawa Prabu Dasamuka, Arya Kumbakarna, Dewi Sarpakenaka lan Arya Wibisana. Anak-anake Dewi Sukesi iki ing tembene bakal dadi kaca benggalaning sakabehe kabecikan lan kaluputaning manungsa. Budi candhala bakal tumpes dening budi utama.

Damar SP , by Solopos.com

0 comments:

Post a Comment